Jumat, 23 April 2010

pidato peringatan hari kartini bahasa jawa

Pidato pengetan dino kartini

Assalam mualaikum wr. wb.
Para sepuh lan para rawuh ingkang kulo urmati. Para kakang lan para putri ingkang kulo tresnani. Saderengepun monggo kito sami ngaturaken pujo lan syukur dumatheng gusti Allah S.W.T ingkang sampun paring kanugrahan saenggo kito saged makempal ing acara pangetan dino kartini .
Para rawuh sedaya, kulo perwakilan saking para pemuda sampangan badhe ngaturake sugeng rawuh lan matursuwun kangge para sedaya ugo saged nglogarake wekdal rawuh ing lapangan sampangan saperlu merengati dino kartini. Perlu para rawuh reti, pengetan iki kanggo ngenang jasane Raden Ajeng Kartini seng berjuang nglawan kebodonan lan berjuang ngangkat drajate wong wadon. Dheweke berjuang nanging akeh masalah sing ngambat tujuane.Masalah-masalah kui di adepi nganggo kesabaran lan kerjo keras. Kartini iku contoh tauladan seng kudu kito teruske perjuangane.
Kulo selaku perwakilan saking para pemudo sampangan, ngarepake, para rawuh saged kangge dadi wong seng slalu memerangi kebodonan.l
Cekap samenten atur kulo, menawi wonten kelepatan-kelepatan kulo nyuwun ngapurone. Nuwun.
Wassalam mualaikum wr.wb.